Puisi Jawa (Geguritan) *Amergo Sliramu*

Yang ini cuma translet dari puisi yang kemarin "Karena" dari bahasa Indonesia ke bahasa Jawa, but ada sedikit perubahan juga.


Amergo Sliramu

 

Ati kang tansah ngangeni
Nunggu marang tekane sliramu
Kang nekani kabungahan kanggo aku
Anggawe esemku ana saben wektu
Kanggo sliramu....

Amergo sliramu aku tibo
Amergo sliramu aku lara
Amergo sliramu aku mesem
Amergo sliramu aku seneng

Ananging....
Babagan rasa....
Rasa kang ora tak karepke ana
Rasa kang tumancep ing njero dada
Tansah ngobrak abrik kahanan ati iki

Amergo aku sadar, aku ora pantes kanggo sliramu
Amergo aku ngerti, sliramu ora bakal nampa rasa iki
Amergo aku sadar, sliramu ora bakal ngarepke aku
Amergo aku uga ora kekarepan ndueni rasa iki

Ananging....
Nalika rasa iki tansah ngembang
Aku ora bisa lunga
Nalika kangen tansah nendang pikiran
Aku ora kuasa nahna rasa

Rasa kangen mlayu ing angen-angen
Rasa wedi mesthi ngalingi ati iki
Babagan kepiye sliramu....
Amergo aku sadar
Yen sliramu mung angen-angenku


*Maaf kalo nggak nyambung

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Surat untukmu

Tak Sepantasnya (Puisi)

Sebuah Jalan Panjang